Selasa, 30 November 2010

Ibu kang Paring



Satyawan jenengku. Aku murid kelas 2 SMP ana ing salah sawijining pinggiran kutha Surakarta. Aku anak tunggal kang urip amung karo ibuku amarga nalika semana bapak seda sawise nandhang gerah. Kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane, ibuku nyambut gawe dadi buruh umbah-umbah lan dodolan ing warung makan cilik-cilikan. Aku kagolong bocah kang nduweni prestasi ing sekolahku, mulane akeh kanca-kanca kang padha iri marang aku. Ananging, aku nduweni ibu kang ora sempurna kahanane yaiku netra paningale ibu kang amung sisih. Kanggoku, kahanan kaya kuwi banget ngisin-isini, aku ora seneng, aku ora isa nampa kasunyatan iki.


Ana ing salah sawijining dina yaiku pengumuman kalulusan ana ing sekolah SMPku, ibu teka mara ing sekolahku. Aku wis wanti-wanti aja nganti kanca-kancaku weruh menawa dheweke kuwi ibuku. Nanging kedadean kang ora tak karepake kuwi kedaden uga, ibu marani aku lan ngluruhi aku, “Le, ibu seneng banget kowe lulus bijimu apik, o iya le, iki kowe oleh beasiswa kanggo nerusake studimu, ibu seneng le”, ibu matur kanthi paras cerah nanging aku isin banget ibu matur ngono ana ing ngarepe kanca-kancaku. Aku banjur mlayu sak playon-playone, aku isin banget karo kedadian kuwi mau.


Esuke nalika aku ning sekolahan class meeting, kanca-kancaku padha ngece aku. Ana sing ngarani photographer lah, bajak laut lah, jaja miharja lah. Pengen banget rasane aku muksa saka donya iki. Nalika aku mulih aku nggetak marang ibu, “Bu! Yen kowe mung arep ngisin-isinke aku lan gawe aku dadi bahan guyonan kanca-kancaku, ngapa kowe ora mati wae!!” aku nesu banget nalika kuwi. Aku nduwe niat lunga saka omahku kuwi, aku wis wegah meneh nduweni hubungan karo ibuku.


Aku banjur lunga menyang Jakarta. Ning kana aku bisa nerusake studi merga beasiswaku. Aku uga nyambi kerja ana ing percetakan kondang ing kutha Jakarta. Aku wis seneng karo kahanan uripku sing sak iki. Marang uwong-uwong sakiwa tengenku aku nggakune menawa Satyawan kuwi bocah saka ndesa Sala kang wis yatim piyatu. Sasuwene urip ana ing Jakarta, aku lulus kuliah lan nduweni gaweyan kang mapan. Aku rabi karo wanita kang tak tresnani lan nduweni anak siji. Aku tresna banget karo anak lan bojoku. Kaluwarga cilikku iki urip ana ing omah apik kanthi blabag plakat ana ngarepan omah kang tulisane Satyawan, SH Advokad dan Konsultan Hukum.



Sawijining dina, aku weruh ibuku nekani ana omahku, embuh oleh katerangan seka ngendi utawa saka sapa kok ibuku nganti weruh papan dunungku lan wani-wani temen lunga menyang Jakarta. Weruh ibuku ana ing ngarepan omahku, anakku nangis girap-girap banjur mlayu marani lan mak klaket ngrangkul aku. “ada hantu pah, ada hantu” anakku ngomong ngono karo nangis. Aku nggawa anakku ana njero kamare banjur metu nemoni ibu. “Le, Satyawan anakku”, ibu matur. Aku langsung njarak, “Heh isih urip kowe?! Wani-wanine kowe teka ning omahku?! Lunga kana! Lunga saka kene! Kowe mung gawe wedi anakku! Lunga lunga!!”. Dheweke kaget tak kaya mangkanaake, karo mesem nanging katon sedih dheweke banjur matur “Sepurane nak, mungkin aku kliru alamat”, dheweke banjur lunga. Weruh kuwi aku ora getun lan ora nduweni rasa melas babar pisan, justru sewalike aku lega nalika kuwi.


Limang taun lawase sawise kadadiyan kuwi, aku oleh tugas saka gaweyanku yaiku ngurusi kasus clientku ana ing kutha asalku, Surakarta Hadiningrat. Aku banjur mangkat ngayahi kewajibanku. Anak lan bojoku ora melu, dheweke tetep ana ing Jakarta merga aku lunga mung sawetara wektu, ora suwe. Ana ing Surakarta aku nyoba mampir ana ing desa kang dadi omahku nalika jaman cilik. Kabeh padha nyambut aku kanthi sumringah, salaman menehi selamat menawa aku wis dadi wong sukses ning Jakarta, tangga-tangga weruh babagan iku jare seka critane ibu. Sawise marani aku limang taun kepungkur, ibu kerep cerita marang tangga terparo kahananku ana ing kutha Jakarta. Saka tangga-tanggaku uga aku diwenehi kabar yen ta ibuku wis dipundhut dening Gusti kira-kira rong taun kepungkur. Krungu kuwi aku blas ora netesake iluh, ora ana rasa sedih, gela, getun lan sapanunggalane. Banjur ana salah sijining kancaku jaman cilik marani aku lan ngelungi aku secarik layang seka ibuku. Niate aku ora arep nampa layang kuwi apa maneh maca. Nanging embuh ngapa aku alon-alon aku ngranggeh layang kuwi seka tangane kancaku lan maca isine:

“Le, Satyawan anakku sing tak tresnani,

Kaancik saka dina lungamu, rina wengi ibu tansah mikirake awakmu.

Nalika kowe maca layang tulisane ibu iki, mungkin ibu wis ora ana ing donya iki

Nanging ibu percaya kala mangsa kowe bakal teka ana kene le.

Ibu nyuwun ngapura nalika aku teka Jakarta aku wis gawe anakmu nangis,

Ibu uga nyuwun ngapura nalika semana wis gawe isin kowe ning ngarepe kanca-kancamu sekolah le.

Le Satyawan anakku, mangertia,

Nalika cilik, kowe nandang kacilakan kang ngakibatake kowe kelangan siji mripatmu.

Aku ora lila kowe urip nandang kahanan kaya ngono.

Aku banjur menehi marang kowe apa sing tak nduweni iki.

Aku bungah merga anakku Satyawan sak iki isa nyawang isining jagad kanthi sempurna lan wis isa nggayuh apa sing dadi cita-cita lan kekarepanmu nganggo mripat kuwi.”

Kanthi rasa tresna

- Ibu -