Selasa, 30 November 2010

Ibu kang Paring



Satyawan jenengku. Aku murid kelas 2 SMP ana ing salah sawijining pinggiran kutha Surakarta. Aku anak tunggal kang urip amung karo ibuku amarga nalika semana bapak seda sawise nandhang gerah. Kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane, ibuku nyambut gawe dadi buruh umbah-umbah lan dodolan ing warung makan cilik-cilikan. Aku kagolong bocah kang nduweni prestasi ing sekolahku, mulane akeh kanca-kanca kang padha iri marang aku. Ananging, aku nduweni ibu kang ora sempurna kahanane yaiku netra paningale ibu kang amung sisih. Kanggoku, kahanan kaya kuwi banget ngisin-isini, aku ora seneng, aku ora isa nampa kasunyatan iki.


Ana ing salah sawijining dina yaiku pengumuman kalulusan ana ing sekolah SMPku, ibu teka mara ing sekolahku. Aku wis wanti-wanti aja nganti kanca-kancaku weruh menawa dheweke kuwi ibuku. Nanging kedadean kang ora tak karepake kuwi kedaden uga, ibu marani aku lan ngluruhi aku, “Le, ibu seneng banget kowe lulus bijimu apik, o iya le, iki kowe oleh beasiswa kanggo nerusake studimu, ibu seneng le”, ibu matur kanthi paras cerah nanging aku isin banget ibu matur ngono ana ing ngarepe kanca-kancaku. Aku banjur mlayu sak playon-playone, aku isin banget karo kedadian kuwi mau.


Esuke nalika aku ning sekolahan class meeting, kanca-kancaku padha ngece aku. Ana sing ngarani photographer lah, bajak laut lah, jaja miharja lah. Pengen banget rasane aku muksa saka donya iki. Nalika aku mulih aku nggetak marang ibu, “Bu! Yen kowe mung arep ngisin-isinke aku lan gawe aku dadi bahan guyonan kanca-kancaku, ngapa kowe ora mati wae!!” aku nesu banget nalika kuwi. Aku nduwe niat lunga saka omahku kuwi, aku wis wegah meneh nduweni hubungan karo ibuku.


Aku banjur lunga menyang Jakarta. Ning kana aku bisa nerusake studi merga beasiswaku. Aku uga nyambi kerja ana ing percetakan kondang ing kutha Jakarta. Aku wis seneng karo kahanan uripku sing sak iki. Marang uwong-uwong sakiwa tengenku aku nggakune menawa Satyawan kuwi bocah saka ndesa Sala kang wis yatim piyatu. Sasuwene urip ana ing Jakarta, aku lulus kuliah lan nduweni gaweyan kang mapan. Aku rabi karo wanita kang tak tresnani lan nduweni anak siji. Aku tresna banget karo anak lan bojoku. Kaluwarga cilikku iki urip ana ing omah apik kanthi blabag plakat ana ngarepan omah kang tulisane Satyawan, SH Advokad dan Konsultan Hukum.



Sawijining dina, aku weruh ibuku nekani ana omahku, embuh oleh katerangan seka ngendi utawa saka sapa kok ibuku nganti weruh papan dunungku lan wani-wani temen lunga menyang Jakarta. Weruh ibuku ana ing ngarepan omahku, anakku nangis girap-girap banjur mlayu marani lan mak klaket ngrangkul aku. “ada hantu pah, ada hantu” anakku ngomong ngono karo nangis. Aku nggawa anakku ana njero kamare banjur metu nemoni ibu. “Le, Satyawan anakku”, ibu matur. Aku langsung njarak, “Heh isih urip kowe?! Wani-wanine kowe teka ning omahku?! Lunga kana! Lunga saka kene! Kowe mung gawe wedi anakku! Lunga lunga!!”. Dheweke kaget tak kaya mangkanaake, karo mesem nanging katon sedih dheweke banjur matur “Sepurane nak, mungkin aku kliru alamat”, dheweke banjur lunga. Weruh kuwi aku ora getun lan ora nduweni rasa melas babar pisan, justru sewalike aku lega nalika kuwi.


Limang taun lawase sawise kadadiyan kuwi, aku oleh tugas saka gaweyanku yaiku ngurusi kasus clientku ana ing kutha asalku, Surakarta Hadiningrat. Aku banjur mangkat ngayahi kewajibanku. Anak lan bojoku ora melu, dheweke tetep ana ing Jakarta merga aku lunga mung sawetara wektu, ora suwe. Ana ing Surakarta aku nyoba mampir ana ing desa kang dadi omahku nalika jaman cilik. Kabeh padha nyambut aku kanthi sumringah, salaman menehi selamat menawa aku wis dadi wong sukses ning Jakarta, tangga-tangga weruh babagan iku jare seka critane ibu. Sawise marani aku limang taun kepungkur, ibu kerep cerita marang tangga terparo kahananku ana ing kutha Jakarta. Saka tangga-tanggaku uga aku diwenehi kabar yen ta ibuku wis dipundhut dening Gusti kira-kira rong taun kepungkur. Krungu kuwi aku blas ora netesake iluh, ora ana rasa sedih, gela, getun lan sapanunggalane. Banjur ana salah sijining kancaku jaman cilik marani aku lan ngelungi aku secarik layang seka ibuku. Niate aku ora arep nampa layang kuwi apa maneh maca. Nanging embuh ngapa aku alon-alon aku ngranggeh layang kuwi seka tangane kancaku lan maca isine:

“Le, Satyawan anakku sing tak tresnani,

Kaancik saka dina lungamu, rina wengi ibu tansah mikirake awakmu.

Nalika kowe maca layang tulisane ibu iki, mungkin ibu wis ora ana ing donya iki

Nanging ibu percaya kala mangsa kowe bakal teka ana kene le.

Ibu nyuwun ngapura nalika aku teka Jakarta aku wis gawe anakmu nangis,

Ibu uga nyuwun ngapura nalika semana wis gawe isin kowe ning ngarepe kanca-kancamu sekolah le.

Le Satyawan anakku, mangertia,

Nalika cilik, kowe nandang kacilakan kang ngakibatake kowe kelangan siji mripatmu.

Aku ora lila kowe urip nandang kahanan kaya ngono.

Aku banjur menehi marang kowe apa sing tak nduweni iki.

Aku bungah merga anakku Satyawan sak iki isa nyawang isining jagad kanthi sempurna lan wis isa nggayuh apa sing dadi cita-cita lan kekarepanmu nganggo mripat kuwi.”

Kanthi rasa tresna

- Ibu -

Jumat, 09 Juli 2010

Naskah Carangan Sandiwara Jawa “Andhe-Andhe Lumut”

Dhapukan Lakon/casting:

1. Andhe-Andhe Lumut (Raden Panji Inukertapati)
  • satria bagus, gagah prakosa, luruh, wicaksana
  • Andhe-Andhe Lumut sejatine ningrat Kedhaton Blambangan jejuluk Raden Panji Inukertapati kang oleh pidana daksia dadi kawula alit lan banjur diopeni dening mbok randha dhadhapan ana ing Kadipaten Arum Wana.

2. Klenthing Kuning (Putri Galuh Candrakirana)
  • putri ayu, sabar, kesia-sia
  • Putri Galuh Candrakirana nduweni kekarepen nggoleki dedhemenane Raden Panji Inukertapati kang lagi nglakoni pidana supaya bisa diboyong maneh ana ing Kedhaton Blambangan, Putri Galuh Candrakurana salin wujud dadi wong ndesa kang aran Klenthing Kuning.

3. Mbok Randha Dhadhapan
  • piyantun sepuh, sabar, wicaksana

4. Mbok Randha Menah
  • mbok randha wicaksana lan tresna banget marang anak-anake

5. Klething Abang
  • pambarepe para klenthing, galak, njaluk menang dhewe

6. Klething Ijo
  • klenthing kaping pindho, manja

7. Klething Ungu
  • klenthing kaping telu, ceplas-ceplos

8. Klething Biru
  • klenthing sing nomer papat, paling gecul (dhapukane lanang/banci)

9. Yuyu Kangkang
  • awujud yuyu, ala rupane, gampang dirayu, sing mbaureksa kali Suda Susila watesing Kadipaten Arum Wana

10. Sang Hyang Kandha Wana
  • watake angker, sekti, wis sepuh, seneng menehi pitulungan marang sapa kang apik atine

11. Punggawa Kadipaten/Juru Warta
- tukang nyorakake warta

12. Pengawal Punggawa 1
  • tukang nggawa kempul

13. Pengawal Punggawa 2
  • tukang nggawa payung

14. Dhagelan 1
15. Dhagelan 2
16. Dhagelan 3
  • para dhagelan yaiku kawula alit, watake gecul







PROLOG

Kocap kacarita, ana ing Negara kang aran Blambangan dicariyosake menawa ana Satria mudha turunan ningrat jejuluk Raden Panji Inukertapati. Dasar Raden Panji Inukertapati iku bagus rupane, sekti ilmune lan dhuwur kawruhe. Raden Panji Inukertapati nduweni gandhulaning ati yaiku Putri Galuh Cangrakirana kang ayu paras lan atine. Sakloron kuwi mau tansah padha sing ceblok dhemen. Ananging marga salah sawijining babagan, Raden Panji Inukertapati gawe wirang kedhaton sak punggawa lan wadya bala saingga Raden kuwi mau oleh pidana lunga saka kedhaton dadi kawula cilik banjur diopeni karo mbok Randha Dhadhapan kang sugih bandha lan urip ana ing dusun cilik kang aran Kadipaten Arum Wana. Putri Galuh Candrakirana banjur ndhuweni kekareban bakal nggoleki ana ing ngendi papan dununge raden Panji Inukertapati ya sang puspaning ati. Putri Galuh Candrakirana salin rupa dadi bocah wadon ndesa supaya ora dingerteni dening para kawula cilik liyane. Putri Galuh Candrakirana ngerteni dene sejatine Raden Panji Inukertapati iku ya si ANDHE-ANDHE LUMUT..!











BABAK 1

SWASANA LATAR OMAH DUSUN

(mbok Menah mlaku nggawa bakul, banjur monolog)

MBOK MENAH :
”Elae, kaya ngene nasibe dadi randha, wis tuwa, urip ning Dusun sepi, sanadyan mangkono tetep bungah rasaning atiku, amarga aku nduweni anak-anak yaiku para klenthing, wis dasare ayu-ayu, pinter, nurut, sregep mbantu mbokne, ananging anak-anakku durung padha rabi, hmm, kamangka sejatine ora kurang-kurang para lanangan enom-tuwa sing wis nglamar anakku, lha ning piye maneh, kabeh kuwi durung ana sing cocok ning ati.”
(mbok menah ngundang para klenthing)

MBOK MENAH : ”wuk, anak-anakku! Abang, Ijo, Ungu, Biru...!!”

PARA KLENTHING : ”inggih mbok, wonten timbalan dhawuh!”
(para klenthing teka)

MBOK MENAH : ”aduh anakku sing ayu-ayu, bar saka ngendhi kowe kabeh nduk, hmmm, lha kae ngapa biru kok awul-awulan ra tata kaya mangkono horo?”

K. BIRU : ”nganu mbok, mau aku dijahatin karo mbakyu-mbakyu, masa jarikku dibiaki kaya ngene (karo mbiyak jarike dhewe) ya aku isin ta dedeloki mas-mase”

K. IJO : ”ora kok mbok, mau aku ra mbiyak jarike Biru kaya ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) wong kok nuduh-nuduh”

K. ABANG : ”iya mbok wong mau Ijo ora mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) len, ra percaya takon Ungu kuwi”

MBOK MENAH : ”apa bener nduk Ungu?”

K. UNGU : ”bener mbok, kene ra tau mbiyak-mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) masa dituduh mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru), padahal yen mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru) kan ora apik, saru.
(K.Biru mulai anyel)

K. BIRU : ”nyoh nyoh nyoh! (karo mbiyak-mbiyak jarike dhewe)

MBOK MENAH : ”wis wis wis, ayo aja padha padu apa maneh biyak-biyakan ngene iki (karo mbiyak jarike Biru), luwih becik ayo padha ning pawon ngewangi simbok olah-olah

PARA KLENTHING : ”yo yo yo”
(para klenthing lan mbok Menah lunga, klenthing kuning teka)

K. KUNING : ”Kulanuwun….”

PARA KLENTHING : ”iya” (para klenthing balik marani Kuning)

K. ABANG : ”iya, kowe sapa lan ana perlu apa?”

K. KUNING : (karo jengkeng) ”aku klenthing kuning, aku urip dhewe ora nduwe kadhang mitra, apa mbakyu-mbakyu kabeh gelem menawa aku didadine adhi ragil?”

K. IJO : ”apa, arep numpang ning kene?? Ning kene panggonane wis enthek!”

K. UNGU : “iya! Luwih becik kowe golek panggonan liya!”

K. KUNING : “aku njaluk tulung banget, dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”

K. BIRU : ”huh, ki bocah ngeyel banget ta,, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! Tapi nganggo tang!”

K. ABANG : ”lho, wis ngerti ta guneme adhi2ku, kowe ning kene i bethek-betheke mung bakal ngenthekne segane simbok thok, ndang lunga kana!”

K. KUNING : ”tulung banget”

K. ABANG : ”lunga!”

K. KUNING : ”aku gelem kok dikongkon apa wae”

K. ABANG : ” eee, isih ngeyel, ndang minggata!!” (karo nendhang Kuning)

PARA KLENTHING : ”iya, ndang minggat! Sumingkir seka papan kene!”
(Kuning nangis banjur mbok Menah teka)

MBOK MENAH : ”elae, ana apa iki kok ribut-ribut kaya mengkene? (terus marani Kuning) lho kowe iki sapa nduk cah ayu, kena apa nangis?”

K. KUNING : ”mbok tulungi kula, kula urip dhewe mboten kagungan kadhang mitra, kula pingin urip ten ngriki kaliyan mbakyu-mbakyu menika, kula purun dipunutus napa kemawon”
(para klenthing ulate dadi peteng)

K. ABANG : “halah mbok, cah kaya ngono i rasah ditanggepi!”

K. IJO : “iya mbok, mung nambah-nambahi beban keluwarga!”

K. UNGU : “tambah wong malah tambah bebane keluwarga, kene wae niate arep ngelongi anggota kelurga barang eh” (Abang, Ijo, Ungu nyawang Biru kompak)

K. BIRU : (bingung, thingak-thinguk) “wah! Ra penak!”

MBOK MENAH : “wis-wis rasah padha ribut, simbok dadi bingung iki (banjur marani Kuning) wis nduk rasah sedih maneh, simbok bakal menehi kowe ijin melu simbok lan para anak-anakku iki, (para klenthing padha protes saur manuk) sssttt... (marang para klenthing) nanging ya kuwi....”

K. KUNING : “napa mbok?”

MBOK MENAH : “kowe kudu gelem nandhang gawe ngewangi simbok ning kene iki”

K. KUNING : “menawi mekaten kula bungah sanget mbok”
(Kuning banjur ngambung tangane simbok, lan simbok ngenalake Kuning marang para klenthing liyane, ulatane para klenthing liyane pating mbesengut)

MBOK RANDHA : “wis ayo padha mlebu omah kabeh, ayo anakku kabeh, sing rukun karo adhimu anyar iki”

K. ABANG : “pokoke kowe sing nyaponi latar!”

K. UNGU : “klambi-klambine aku lan liyane kowe pokoke sing ngumbah!”

K. BIRU : “ kowe pokoke sing nyawiki aku!”

K. IJO : “husst”

MBOK MENAH : “wis ayo padha mlebu gage nduk!”
(kabeh metu panggung)





BABAK II

SWASANA PADESAN/DUSUN

(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)

----------------pre memory-dhagelan bebas----------------

(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)

JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)

K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”

K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”

MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”

PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)

K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)

K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”

K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”

PARA KLENTHING : “apa??!”

K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”

K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”

K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”

K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”

K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”

K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”

K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”

K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”

MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”

K. KUNING : “leres mbok”

MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”

K.KUNING : “dereng mbok”

MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)

MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)

K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”

K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”

K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”

K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)

K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)

K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)

SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)

K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”

SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”

K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”

SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”

K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”

SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)

K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)






BABAK III

SWASANA PINGGIR KALI

(rombongan Abang, Ijo, Ungu, Biru teka ana pinggir kali Suda Susila)

K. ABANG : “ee lha dhalah, kadingaren kaline banjir kaya mangkene”

K. IJO : “iya mbakyu, gek ya kretege ambrol sisan”

K. UNGU : “kamangka wong papat kabeh iki ora ana sing bisa nglangi, haduh, njut kepiye iki??”

K. BIRU : “lha jan-jane awak dhewe arep ning ndi ta mbakyu?”

K. ABANG : “wah iki, awak dhewe iki arep menyang Kadipaten Arum Wana papan pangginane Andhe-Andhe Lumut, kae galo panggonane ana ing sebrang kali iki”

K. BIRU : “wah, ndadak nyebrang kali barang ya, umpama pindah Kadipaten ngono piye mbakyu?? Ben rasah nyabrang”

K. IJO : “gundhulmu! Rasah mokal-mokal, wis gek piye iki, ayo pagha golek akal”

K. UNGU : “coba tak ukur, kali iki banyune jero apa ora (njupuk watu banjur diuncalke kali)

YUYU KANGKANG : “ahaaa (ceguken) aduh biyuuunngg!!” (metu karo ngelus-elus sirah)
(para klenthing kaget lan gumun)

YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa mau sing mbalang sirahku? Aduduh...” (Yuyu clingak-clinguk banjur weruh para klenthing dadi ndomblong lan melet-melet)

K. UNGU : “walah mbakyu, apa kuwi mbakyu, nggilani lan medheni tenan”

K. BIRU : “hiiii, sereeem”

K. ABANG : “sik sik, iki tak atasane” (Abang maju nyedhaki Yuyu)
“hei mas-mas, sampeyan niku sinten?”

YUYU KANGKANG : “ahaaa, aku Yuyu Kangkang, ahaaa, aku sing mbaureksa kali Suda Susila iki, ahaa...”

K. IJO : (ngomong marang Abang) “mbakyu, coba jalukana tulung menawa dheweke bisa nyebrangake awak dhewe”

K. BIRU : “iya mbakyu, aku selak kebelet pingin ketemu Andhe-Andhe Lumut”

K. ABANG : (marang para klenthing) “iya, aku ya mikir kaya mangkana”
(madhep Yuyu) “Yuyu Kangkang, apa kowe bisa nulungi aku lan adhi-adhiku nyebrang kali iki?”

YUYU KANGKANG : “ahaaaa, isa wae, nyat kuwi tugasku, ahaaa”
(para klenthing padha seneng)

K. BIRU : “wis, gek ndang ayo ayo ayo” (polah)

YUYU KANGKANG : “eiiiitsss, tapi, ahaaa, ana syarate”

PARA KLENTHING : “apa kuwi?”

YUYU KANGKANG : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”

PARA KLENTHING : “pilus apa kuwi??”

YUYU KANGKANG : “pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para klenthing rambugan eyel-eyelen)

YUYU KANGKANG : “piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”

K. ABANG : “ Yuyu Kangkang,”

YUYU KANGKANG : “ahaaa....”

K. ABANG : “ ya wis aku saguh karo apa sing mbok syaratake mau, wis ndang sabrangna saiki, iki wis meh arep tabuh papat sore, cepet gage!”
(Yuyu nyabrangake para klenthing siji-siji tekaning sebrang pipine para klenthing
diciweli)
(Kuning teka pinggir kali)

YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa meneh iki kok ana bocah wadon ijen, ahaaaa, apa arep nyabrang kowe nduk? Hahaha, ahaaaa”

K. KUNING : “iya ki sanak, banjur niki pripun?”

YUYU KANGKANG : “ahaa, aku isa nyabrangke kowe, ananging kowe kudu menehi aku pilus alias pipi alus, ahaaa”

K. KUNING : “wah, menawi mekaten kula mboten purun ki sanak”

YUYU KANGKANG : “ahaa??? Eh, apa?? Kowe emoh?! Yen aku maksa piye horo?!”

K. KUNUNG : “adepana aku sik yen kowe wani”

YUYU KANGKANG : “eeee, lhadhalah, wani temen kowe iki heeehh??!!”
(Yuyu maju ngoyak-oyak Kuning nangung Kuning usa endha terus)

K. KUNING : “heh, rasakna iki!” (karo ngathungke teken zaitun)

YUYU KANGKANG : “aduh biyuuunngg!! Kapooookkk, ahaaa, ahaaa ahaaa” (metu lunga karo ginjal-ginjal)

K. KUNING : “rasakna kuwi!” (Kuning banjur ngathungke teken zaitun ana ing kali, banjur kaline dadi sat banyune, Kuning langsung nyabrang lan mbacutake laku)




BABAK IV

SWASANA OMAH LODJI

(Andhe-Andhe Lumut lan Mbok Randha lungguh ana dhampar di kawal Juru Warta lan Pengawal 1)

ANDHE LUMUT : “juru warta”

JURU WARTA : “kula ndara, wonten timbalan dhawuh?”

ANDHE LUMUT : “kepriye, apa dhawuhku nyorakake sayembara ana ing sajroning padesan sebrang kali Suda Susila wis mbok laksanaake?’

JURU WARTA : “awit pangestunipun sampun ndara”

MBOK RANDHA : ”ya wis syukur, muga-muga wae para wanita saka sebrang kali kana ana sing madhep manteb karo atimu ngger”

ANDHE LUMUT : “inggih ibu”

MBOK RANDHA : “ iya, sebabe mau wae wis akeh para wanita pirang-pirang pangripta sayembara pilih sing wis mbok tampik amarga ora sarujuk karo kekarepanmu”

ANDHE LUMUT : “inggih ibu, mugi tansah mekaten, manah kula inggih menggalih sami kaliyan ibu, dene wanita ingkang kula idamaken saged enggal-enggala tinemu wonten ing ngarsa kula lan ibu”

PENGAWAL 2 : “kula ingkang sowan ndara!”
(pengawal 2 mlebu lumaksana jengkeng)

ANDHE LUMUT : “pengawal, ana apa pengawal? Apa siang arep mbok wartaake?”

PENGAWAL 2 : “kepareng matur ndara, wonten ing latar dalem wonten rombongan wanita malih, rombongan menika saking dusun sabrang kali Suda Susila, para rombongan menika saprelu badhe tumut sayembara pilih”

ANDHE LUMUT : “ya yen mangkana, wis gage diaturi mlebu ana papan kene”

PENGAWAL 2 : “sendika ngestuakaen dhawuh ndara” (pengawal metu lan balik maneh mlebu karo para klenthing Abang, Ijo, Ungu, Biru, pengawal 1 lan 2 metu)

MBOK RANDHA : “ee, bocah kok ya ayu-ayu kaya ngene iki, mangga-mangga dipenakke sik anggone lungguh”

PARA KLENTHING : “inggih ibu”

MBOK RANDHA : “nduk, cah ayu-ayu, coba ibu pingin weruh jenengmu kabeh (para klenthing banjur padha nepangake awake dhewe-dhewe) “ngger Andhe-Andhe Lumut, (marang Andhe-Andhe Lumut) coba saka bocah papat kuwi mau endi sing sarujuk karo atimu?”
(Andhe-Andhe Lumut mlaku marani para klenthing sinambi wira-wiri mriksani para
klenthing)

JURU WARTA : “hehe, pripun ndara, ayu-ayu lhe, kajaba ingkang biru nika, hehe”

MBOK RANDHA : “kepriye ngger anakku?”

ANDHE LUMUT : “ibu, miturut panawang kula, para wanita menika mawi sukma ingkang mboten sae”

MBOK RANDHA : “apa kuwi tegese ngger?”

ANDHE LUMUT : “inggih ibu, para wanuta menika sampun mawi tilasipun Si Yuyu kangkang”

MBOK RANDHA : “dadi?”

ANDHE LUMUT : “niku ateges kula mboten saged nampi para wanita menika ibu”

MBOK RANDHA : “nduk cah ayu-ayu, wis ngerti ta apa sing diaturke dening anakku? Sing sareh ya, mungkin iki durung jodhomu”
(marang Andhe-Andhe Lumut) “ngger, wis akeh wanita sing ora sarujuk marang atimu, jan-jane panjalukmu sing kepiye ta ngger?”
(Anghe-Andhe Lumut amung gedheg-gedheg kadadak pengawal 1)

PENGAWAL 1 : “ndara, kepareng matur”

ANDHE LUMUT : “iya pengawal, ana wigati apa?”

PENGAWAL 1 : “wonten latar ana salah satunggaling wanita malih ingkang badhe tumut sayembara pilih ndara”

ANDHE LUMUT : “ya wis ndang diaturu mlebu”
(pengawal 1 ngacungke kode ngundang, pengawal 2 karo Kuning taka, Kuning amung ndungkluk banjur lungguh)
(para klenthing padha kaget, saur manuk)

K. ABANG : “ hei Kuning, wani-wanine kowe rene?? Apa gaweanmu wis rampung?”

K. KUNING : “sampun mbakyu”

K. UNGU : “halah, awake dhewe sing ayu-ayu kaya ngene wae ora ditampa, apa maneh kowe sing mung batur!”

K. IJO : “wis, kana ndang minggat tinimbang gawe isin ning kene!”

K. KUNING : “nyuwun pangapunten mbakyu, kita sedhaya anggadhahi hak ingkang sami, kula uga pingin tumut sayembara pilih iki”

MBOK RANDHA : (nugel atur, marang para klenthing) “bener pangucape bocah iki nduk” (marang Kuning) “nduk cah ayu sapa aranmu?”

K. KUNING : “kula Klenthing Kuning ibu”

MBOK RANDHA : “oo, iya, ngger anakku, coba kowe sawang bocah iki, apa kowe sarujuk?”
(Andhe-Andhe Lumut nyedhaki Kuning, ngranggih tangane, Kuning ngadhek, sakloron padha tinemu sawang)

KLENTING KUNING : “Kangmas Inukertapati....!”

ANDHE LUMUT : “Diajeng Candrakirana....!”
(kebeh isining panggung tablo/matung)




-- TAMAT --

Sabtu, 20 Februari 2010

CAP TJI KIE / CAP JI KIA

Cap Ji Kia adalah permainan judi memakai kartu ce kie yang hanya diambil dua belas kartu dari keseluruhan kartu ce kienya, yang mana salah satunya dipilih oleh bandar kemudian diletakkan / dimasukkan kotak tertutup dan kemudian digantung. Para penjudi membeli kupon yang disediakan oleh bandar melalui agen atau tambang untuk menebak salah satu dari 12 (dua belas) kartu ce kie yang telah ditentukan tersebut. kalau beruntung akan mendapat 10 kali uang taruhan (9 kali + harga pembelian kupon).

Setiap penarikan bandar akan mengeluarkan selembar kertas fotocopyan yang berisi petunjuk/sonji/sanepa dalam bahasa Jawa. Tetapi biasanya sanepa yang diberikan bandar bisa mempunyai arti yang banyak dan sering membingungkan, setiap hari bisa 5 sampai 7 kali penarikan, ada yang menggunakan jam ganjil setiap penarikannya, ada juga yang menggunakan jam genap setiap penarikannya.

Setiap kartu mempunyai arti tersendiri seperti berikut ini:

  • ratu (1x)

segalane, padhang, ilane, lugu

  • dhimpil (2x)

pinter, diyan, rugi, kere, ora tanggungjawab, patrape, manungso

  • ciwir (3x)

gantheng, pepak, bangsar, gesik, siwir, ocehane, senter, sentir

  • gundul (4x)

nandhakake barang olo, setan, sundul, jin, senthun

  • babi (5x)

polah, tingkahe, temen, jujur, katresnan, bercinta, membo – membo

  • ningkrang (6x)

gapit, ukoro - ganthet, kretek, sumuk, santai, hadiah, bebane, raga

  • petik (1=)

mati, petingkahan, peteng, brayat, kaku, bocah, nemu, eman, lali

  • plompong (2=)

goblok, ora genah, benggol, rampok, tumut, elok

  • gunung (3=)

gandhengan, percika, watu, sumbar, ora kakehan, ala, joko, semut ,jembling

  • cawang (4=)

kalangan, kecegat, wang / patang, pegat, genteng, kebingahan, lawang, tambur, sengkap

  • kanthong (5=)

mikir butuh, dhuwitan, nyucuk, gumun, ngelus, sambat, tipuan, mangan

  • kerok (6=)

ukoro dobel, akeh, ramai, kemruyuk, anandarkilah, ketemu, sabda, ngaku - ngaku, langit



Saya berharap anda tidak tertarik untuk mengikuti judi ini karena bandar telah memperhitungkan berapapun kemenangan anda bandar tidak akan rugi. Jadi sekali lagi, ini hanyalah ilmu untuk pengetahuan anda bukan petunjuk untuk anda berjudi.

Alfath Nanggal Sepisan

Buat Lencana Anda

Jumat, 19 Februari 2010

Definisi Seni Menurut Beberapa Tokoh di Indonesia

Ini cuma candaan belaka, jangan dianggap serius apalagi dijadiin buat referensi :D, langsung aja ya..

1. Noordin M Top

seni adalah ledakan






2. Ahmad Dhani

seni itu bagaimana kita dapat mengutip, memperhalus dan memodifikasi sumber inspirasi





3. Roy Suryo

seni tinggi hanya dihasilkan oleh campur tangan pakar dengan 68% kebenaran





4. Rhoma Irama

alangkah bahagia bagi seseorang yang memiliki banyak varian seni agar seni tidak terlalu cepat mencapai titik jenuh, kejenuhan yang tak terobati itu sungguh terlalu



5. Sheila Marcia

tidaklah penting asal muasal seni terlahir






6. Rian Jombang

seni merupakan potongan yang terkubur di sekitar kita





7. Sumanto

seni bisa dilakukan dengan menikmatinya terhadap sesama kita





8. Syekh Puji

kenikmatan seni tak mengenal batas usia






9. Cinta Laura

Art tuch is wonderful dan juga cinta very very suka seni pas cinta sedang holiday di Germany di rumah grandmom cinta




10. Sammy Kerispatih

seni tetap dapat dinikmati meski hanya sebanyak 0,5 gram saja





11. AA Gym

seni dapat dilakukan lebih dari satu selama kita mampu dan bisa berlaku adil





12. Budi Anduk

seni itu oke coy






13. Antasari

laksana padang golf yang luas, seni itu dapat tumbuh tanpa ancaman buaya





14. Julia Perez

seni seperti bola yang datang dari luar






15. Dewi Persik

seni bak gergaji






16. Manohara

seni akan lebih banyak diperoleh mano di kerajaan di luar sana





17. Aldiansyah Taher

kini tak lagi dapat merasakan getaran seni






18. Raffi Ahmad

kedewasaan seni lebih dicari pengalamannya






19. Mbah Surip

seni kurangi tidur banyakin ngopi, ha ha ha ha






20. Olga Syahputra

seni itu pantasi, maho tak maho






21. Tukul Arwana

seni yang bikin puas itu seni yang tidak ndeso






22. Afgan

seni tidak terhalang D.O.






23. Sarah Azhari

seni ibarat sayuran yang bernama toge, dapat dinikmati dari kepala hingga kaki





24. Marsha Saphira

s3ni tUCh, , , eeMMPh. . . aPAh y4ch?? BinUnT b3udtZ ni3 Jaw4bNa. . .






sementara ini dulu ya,,

kalau ada yang mau nambahi atau koreksi silahkan ya..

Sabtu, 13 Februari 2010

Tuladha Teks Pidhato Basa Jawi (Sesoran)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kaping sepisan mboten wonten ingkang pantes kula aturaken kajawi amung kunjuk sukur dumateng Gusti Pangeran awit paring katentreman miwah karahayon mugi tansah kasalira dhumateng panjenengan sedaya ingkang taksih tresna dhumateng budaya ingkang adi luhung. Wonten ing papan menika keparenga inggih kula sumela atur nigas kamardikan munggel pangandikan inggih awit anggen kula badhe ngrumpaka angaliraken manah kula babagan kitha ingkang tansah kita tresnani inggih menika Surakarta Hadiningrat. Hambok bilih ingkang kula aturaken ing salajengipun mangke kathah kekirangan lan kalepatan, saderengipun kaparenga kula nyuwun pangaksami saha mboten dados renaming penggalih jer sedaya ingkang kula aturaken menika amung awujud uneg-uneg manah cubluk, ingkang taksih kirang ing seserepan, saha ceceking raos anggen kula bade tumut udhu, ingkang hanggadahi pangajeg-ajeg tumrap kuncaraning kitha Surakarta ingkang kebeg ing budhaya luhur miwah kathahing papan wisata, ingkang saged angondhangaken kitha Surakarta utawi Sala, ing saindhenging jagad, minangka kitha wisata saha punjering budhaya Jawi.

Para kadhang mahasiswa, kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih Surakarta menika anggadhahi pinten-pinten budaya adi luhung, ingkang sapantesipun dipun uri-uri kawilujenganipun. Wonten ing reh beksa kita anggadhahi pinten-pinten beksan ingkang alus, ingkang rancak, ingkang gagah, ingkang luwes, ngantos wonten ugi ingkang gechul. Wonten malih ing babagan sandiwara utawi teater tradisional, kita anggadhahi ringgit purwa, ringgit tiyang, kethoprak, lan sapanunggalanipun, punapa malih ringgit purwa menika sampun dados salah satunggalin budaya luhung ingkang dipunakeni ing donya kalian UNESCO. Ing reh sastra, wonten pinten-pinten tembang wiwit saking tembang ageng, tembang tengahan, ngantos tembang macapat ingkang isinipun wejangan-wejangan tumrap kita sedaya. Ing babagan wusana, kita anggadhahi batik ingkang elok lan mbetahaken keprigelan pandhamelipun. Sanadjan ing tlatah-tlatah sanes ugi wonten wusana sarupa, ananging kita kedhah percaya menawi batik kita kualitasipun pancen paling top markotop.

Para sutresna, taksih kathah tilaraning budhaya ingkang adi luhung ingkang dereng kula sebataken. Nanging para kadhang, sanadyan kathah, menawi mboten kita jagi kawilujenganipun temtu badhe pejah, tumpes tapis tanpa tilas. Pramila ing kalodhanagan menika, kula badhe ajak-ajak dhumateng para sutresna budhaya supados tumut nguri-uri tetilaranipun leluhur duk ing kina. Temtu kemawon nguri-uri budhaya mekaten kedhah kita larasaken kaliyan lampahing jaman utawi nuting jaman kalakone, ingkang mboten trep inggih kedhah kita tilar utawinipun dipun ewahi, supados jumbuh kaliyan kawontenan. Dene ingkang trep ing jaman, temtu tetep kita lajengaken. Sedaya kala wau kita mangertosi bilih budaya menika sanes barang ingkan saged pejah, ananging tetilaran ingkang saged ewah gingsir kagiles jaman.

Para kadhang mahasiswa, sepisan malih panyuwun kula, mboten petang namung sepelik, kita tumut nguri-uri murih langgengipun budhaya Jawi, supados tetep taksih wonten sanadyana wujudipun sampun benten mboten sami plek malih kaliyan aslinipun. Sekedhik ingkang kula aturaken kala wau kula ringkes salebeting sekar Mijil pelog nem mekaten

Pra sutresna kakung miwah putri
Saha sinten mawon
Nguri-uri kabeh budhayane
Angudia supaya lestari
Tilaran ing nguni
Aja dadi layon


Cekap mekaten anggenipun kula matur, sepisan malih hambok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.