Sabtu, 13 Februari 2010

Tuladha Teks Pidhato Basa Jawi (Sesoran)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kaping sepisan mboten wonten ingkang pantes kula aturaken kajawi amung kunjuk sukur dumateng Gusti Pangeran awit paring katentreman miwah karahayon mugi tansah kasalira dhumateng panjenengan sedaya ingkang taksih tresna dhumateng budaya ingkang adi luhung. Wonten ing papan menika keparenga inggih kula sumela atur nigas kamardikan munggel pangandikan inggih awit anggen kula badhe ngrumpaka angaliraken manah kula babagan kitha ingkang tansah kita tresnani inggih menika Surakarta Hadiningrat. Hambok bilih ingkang kula aturaken ing salajengipun mangke kathah kekirangan lan kalepatan, saderengipun kaparenga kula nyuwun pangaksami saha mboten dados renaming penggalih jer sedaya ingkang kula aturaken menika amung awujud uneg-uneg manah cubluk, ingkang taksih kirang ing seserepan, saha ceceking raos anggen kula bade tumut udhu, ingkang hanggadahi pangajeg-ajeg tumrap kuncaraning kitha Surakarta ingkang kebeg ing budhaya luhur miwah kathahing papan wisata, ingkang saged angondhangaken kitha Surakarta utawi Sala, ing saindhenging jagad, minangka kitha wisata saha punjering budhaya Jawi.

Para kadhang mahasiswa, kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih Surakarta menika anggadhahi pinten-pinten budaya adi luhung, ingkang sapantesipun dipun uri-uri kawilujenganipun. Wonten ing reh beksa kita anggadhahi pinten-pinten beksan ingkang alus, ingkang rancak, ingkang gagah, ingkang luwes, ngantos wonten ugi ingkang gechul. Wonten malih ing babagan sandiwara utawi teater tradisional, kita anggadhahi ringgit purwa, ringgit tiyang, kethoprak, lan sapanunggalanipun, punapa malih ringgit purwa menika sampun dados salah satunggalin budaya luhung ingkang dipunakeni ing donya kalian UNESCO. Ing reh sastra, wonten pinten-pinten tembang wiwit saking tembang ageng, tembang tengahan, ngantos tembang macapat ingkang isinipun wejangan-wejangan tumrap kita sedaya. Ing babagan wusana, kita anggadhahi batik ingkang elok lan mbetahaken keprigelan pandhamelipun. Sanadjan ing tlatah-tlatah sanes ugi wonten wusana sarupa, ananging kita kedhah percaya menawi batik kita kualitasipun pancen paling top markotop.

Para sutresna, taksih kathah tilaraning budhaya ingkang adi luhung ingkang dereng kula sebataken. Nanging para kadhang, sanadyan kathah, menawi mboten kita jagi kawilujenganipun temtu badhe pejah, tumpes tapis tanpa tilas. Pramila ing kalodhanagan menika, kula badhe ajak-ajak dhumateng para sutresna budhaya supados tumut nguri-uri tetilaranipun leluhur duk ing kina. Temtu kemawon nguri-uri budhaya mekaten kedhah kita larasaken kaliyan lampahing jaman utawi nuting jaman kalakone, ingkang mboten trep inggih kedhah kita tilar utawinipun dipun ewahi, supados jumbuh kaliyan kawontenan. Dene ingkang trep ing jaman, temtu tetep kita lajengaken. Sedaya kala wau kita mangertosi bilih budaya menika sanes barang ingkan saged pejah, ananging tetilaran ingkang saged ewah gingsir kagiles jaman.

Para kadhang mahasiswa, sepisan malih panyuwun kula, mboten petang namung sepelik, kita tumut nguri-uri murih langgengipun budhaya Jawi, supados tetep taksih wonten sanadyana wujudipun sampun benten mboten sami plek malih kaliyan aslinipun. Sekedhik ingkang kula aturaken kala wau kula ringkes salebeting sekar Mijil pelog nem mekaten

Pra sutresna kakung miwah putri
Saha sinten mawon
Nguri-uri kabeh budhayane
Angudia supaya lestari
Tilaran ing nguni
Aja dadi layon


Cekap mekaten anggenipun kula matur, sepisan malih hambok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar